Rikala
Mangsa Gumanti
Ing tengah alas sing isih ketok asri lan seger, lan rembulan
sumunar nerangi petenge bengi. Ana wong loro pemburu lagi ngasuh ndek
pinggirane kali sing bening, karo omong-omongan. “Wis pirang-pirang dina awak
dhewe mburu kewan, nanging ora siji ae sing wis diolehi… ”, jare salah
sawijining pemburu. “Opo maneh ngolehi kewan, ketemu ae durung”, jawabe pemburu
sitoke. Pemburu iku terus mlaku nerusake mburu kewan.
Akhire
para pemburu iku maeng nemoake kewan sing lagi turu angler. Para pemburu iku
maeng meneng-meneng nyedeki kewan buruan
iku. Rupane anake singo sing turu angler dhewekan. “Ssst…ojo sampek anake singo
iku tangi...!”, pemburu sing lemu mbisiki pemburu sithoke. Tanpa mbuang-mbuang
wektu, pemburu langsung mbidik senjatane marang anake singo sing lagi turu angler
iku. Moro-moro anak singo iku tangi lan cepet mlayu mencolot nggolek
perlindungan. Nanging wis kalah cepet karo pemburu. “Darr”, peluru ngeneki
awake lan singo cilik iku tibo semaput.
Sauntara
iku, ing panggonan liyo, para kewan-kewan
alas nglumpuk. Gawe ngrayakake upacara syukuran lan ngapiki tali persaudaraan.
Upacara iku wis dadi tradisi ndek alas iku yen mangsa rendeng teko. Wis suwe
para kewan iku ngenteni Raja Kera gawe mimpin upacara syukuran, nanging sing dienten-enteni
ora teko-teko. Kabeh kewan sing wis teko kethok khawatir, amarga para kewan
percoyo yen upacara syukuran ora sido, alam dadi murka.
“Delengen rembulane
wis bunder nanging Raja Kera durung teko bae” , jare Singo gregetan. “Mboh opo
dadine yen upacara syukuran ora sido...”, ngersuloe Panda. Kidang nyoba
nyabarake kanca-kancane, “Sabar ojo wedi, Raja Kera mesti teko, dheweke ora tau
ingkar janji”. “Delengen, rembulane kate ngilang, diluk engkas peteng, yen alam
murka entek awak dhewe kabeh…!”, jarene singo ngamuk. “Awak dhewe ora iso
meneng ae…!”, jare Panda. “Yo…! ayo nggoleki Raja Kera sampek ketemu sadurunge
fajar teko ”, jare kewan liyane. “Ojo ono sing ninggalake upacara iki, aku percoyo
Raja Kera mesti teko ”, jare kidang karo bijak.
“Kepriye yen Raja Kera sengojo ora teko…?
Iku berarti bakal nyelakai para kewan ? Geneya mesti Raja Kera sing kudu mimpin upacara iki, keturunanku sing
luwih mulyo katimbang Raja Kera”, singo mbengok. “Yo…! Singo bae sing mimpin
upacara iki…!”, jare kewan sing liyane. Tanpa mbuang-mbuang wektu meneh, Singo
munggah nang batu mimbar. “Mulai dino iki, aku mimpin upacara gumantine mangsa
iki”, jare Singo. “Yen kudu ngono, awak dhewe setuju !” kewan liyo podo
mbengok.
“Aku ora setuju”, jare Kidang. “Awak
dhewe ora oleh cepet nilai Raja Kera koyok ngono, amarga awak dhewe durung eruh
opo kedadeyane. Iku podho karo ngefitnah…”, Kidang mbelani. “Delengen Kidang
mbelani Raja Kera sing kate nyikso awak dhewe, lan dheweke kerja sama karo Raja
Kera…ayo ditangkep!”, jare Singo merintah kewan liyo. Karo ora tego, kewan
liyane nangkep Kidang. Nanging moro-moro suasanae rubah, awan ireng nyelimuti
langit, lan kabeh mulai bingung. “Alam murka lan ngamuk, ayo cepet ngukum
Kidang iku…!” Singo mbengok.
Moro-moro
Raja Kera teko karo nggawa anake Singo sing semaput. “Woiii, para kewan…!”.
Para kewan kaget lan seneng ndeleng tekone Raja Kera. Nanging, Singo ora
seneng, malah bingung lan khawatir. “Para kewan, sepurane aku telat”, jare Raja
Kera njaluk sepuro. “Huh, meh ae alam murka gara-gara kowe”, jare Singo
ngamuk-ngamuk. “Aku ora sengojo telat, ndek perjalanan, aku nemoake anak Singo
iki semaput. Angel nggoleki godhong-godhongan gawe nambani anak singo iki. Nanging
akhire aku iso nemoake. Lan anak Singo iki selamet”, Raja Kera njelasno.
Singo kaget amarga sing ditulungi
Raja Kera ora liyo anake dhewe. Singo getun lan isin banget. Amarga
ngrumangsani salah, akhire dheweke njaluk sepuro marang Raja Kera, “Aku getun
prasangka elek lan cepet nilai kowe. Matur suwun wis nulung anakku…”. Akhire
upacara syukuran dilaksanakake lan dipimpin karo Raja Kera. Kabeh kewan ketok
seneng amarga wis nglaksanaake upacara syukuran.
Mohon maaf jika ada kesalahan, terima kasih telah berkunjung :)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar