Selasa, 13 Mei 2014

Contoh Dongeng Bahasa Jawa



Rikala Mangsa Gumanti
                Ing tengah alas sing isih ketok asri lan seger, lan rembulan sumunar nerangi petenge bengi. Ana wong loro pemburu lagi ngasuh ndek pinggirane kali sing bening, karo omong-omongan. “Wis pirang-pirang dina awak dhewe mburu kewan, nanging ora siji ae sing wis diolehi… ”, jare salah sawijining pemburu. “Opo maneh ngolehi kewan, ketemu ae durung”, jawabe pemburu sitoke. Pemburu iku terus mlaku nerusake mburu kewan.
            Akhire para pemburu iku maeng nemoake kewan sing lagi turu angler. Para pemburu iku maeng meneng-meneng  nyedeki kewan buruan iku. Rupane anake singo sing turu angler dhewekan. “Ssst…ojo sampek anake singo iku tangi...!”, pemburu sing lemu mbisiki pemburu sithoke. Tanpa mbuang-mbuang wektu, pemburu langsung mbidik senjatane marang anake singo sing lagi turu angler iku. Moro-moro anak singo iku tangi lan cepet mlayu mencolot nggolek perlindungan. Nanging wis kalah cepet karo pemburu. “Darr”, peluru ngeneki awake lan singo cilik iku tibo semaput.
            Sauntara iku,  ing panggonan liyo, para kewan-kewan alas nglumpuk. Gawe ngrayakake upacara syukuran lan ngapiki tali persaudaraan. Upacara iku wis dadi tradisi ndek alas iku yen mangsa rendeng teko. Wis suwe para kewan iku ngenteni Raja Kera gawe mimpin upacara syukuran, nanging sing dienten-enteni ora teko-teko. Kabeh kewan sing wis teko kethok khawatir, amarga para kewan percoyo yen upacara syukuran ora sido, alam dadi murka.
            “Delengen rembulane wis bunder nanging Raja Kera durung teko bae” , jare Singo gregetan. “Mboh opo dadine yen upacara syukuran ora sido...”, ngersuloe Panda. Kidang nyoba nyabarake kanca-kancane, “Sabar ojo wedi, Raja Kera mesti teko, dheweke ora tau ingkar janji”. “Delengen, rembulane kate ngilang, diluk engkas peteng, yen alam murka entek awak dhewe kabeh…!”, jarene singo ngamuk. “Awak dhewe ora iso meneng ae…!”, jare Panda. “Yo…! ayo nggoleki Raja Kera sampek ketemu sadurunge fajar teko ”, jare kewan liyane. “Ojo ono sing ninggalake upacara iki, aku percoyo Raja Kera mesti teko ”, jare kidang karo bijak.
“Kepriye yen Raja Kera sengojo ora teko…? Iku berarti bakal nyelakai para kewan ? Geneya mesti Raja Kera  sing kudu mimpin upacara iki, keturunanku sing luwih mulyo katimbang Raja Kera”, singo mbengok. “Yo…! Singo bae sing mimpin upacara iki…!”, jare kewan sing liyane. Tanpa mbuang-mbuang wektu meneh, Singo munggah nang batu mimbar. “Mulai dino iki, aku mimpin upacara gumantine mangsa iki”, jare Singo. “Yen kudu ngono, awak dhewe setuju !” kewan liyo podo mbengok.
“Aku ora setuju”, jare Kidang. “Awak dhewe ora oleh cepet nilai Raja Kera koyok ngono, amarga awak dhewe durung eruh opo kedadeyane. Iku podho karo ngefitnah…”, Kidang mbelani. “Delengen Kidang mbelani Raja Kera sing kate nyikso awak dhewe, lan dheweke kerja sama karo Raja Kera…ayo ditangkep!”, jare Singo merintah kewan liyo. Karo ora tego, kewan liyane nangkep Kidang. Nanging moro-moro suasanae rubah, awan ireng nyelimuti langit, lan kabeh mulai bingung. “Alam murka lan ngamuk, ayo cepet ngukum Kidang iku…!” Singo mbengok.
            Moro-moro Raja Kera teko karo nggawa anake Singo sing semaput. “Woiii, para kewan…!”. Para kewan kaget lan seneng ndeleng tekone Raja Kera. Nanging, Singo ora seneng, malah bingung lan khawatir. “Para kewan, sepurane aku telat”, jare Raja Kera njaluk sepuro. “Huh, meh ae alam murka gara-gara kowe”, jare Singo ngamuk-ngamuk. “Aku ora sengojo telat, ndek perjalanan, aku nemoake anak Singo iki semaput. Angel nggoleki godhong-godhongan gawe nambani anak singo iki. Nanging akhire aku iso nemoake. Lan anak Singo iki selamet”, Raja Kera njelasno.
            Singo kaget amarga sing ditulungi Raja Kera ora liyo anake dhewe. Singo getun lan isin banget. Amarga ngrumangsani salah, akhire dheweke njaluk sepuro marang Raja Kera, “Aku getun prasangka elek lan cepet nilai kowe. Matur suwun wis nulung anakku…”. Akhire upacara syukuran dilaksanakake lan dipimpin karo Raja Kera. Kabeh kewan ketok seneng amarga wis nglaksanaake upacara syukuran.

Mohon maaf jika ada kesalahan, terima kasih telah berkunjung :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar