Selasa, 13 Mei 2014

Hasil Diskusi Mapel Bahasa Jawa


Pergaulan Bebas ing Gelanggang Muda-mudi

Materi
Wektu muda-mudi yaiku wektu manungsa pengin weruh kabeh bab. Mulane wektu-wektu ngene iki muda-mudi perlu bimbingan spiritual uga moral saka wong tuwa. Ing wektu kaya ngene muda-mudi gampang banget kepengaruh bab-bab kang negatif. Yen ngrembug muda-mudi ora bakal luput saka crita katresnan. Meh kabeh mudha-mudhi Indonesia ngalami kadadeyan kuwi. Sawijining cara ngatonake rasa tresna kuwi lumantar “pacaran”. Mbahas pacaran ing gelanggang muda-mudi jaman saiki ora luput saka cara carane. Pacaran wes dadi bab kang lumrah ing muda-mudi. Mahasiswa nganti bocah SD mulai pengin ngrasakake kepriye pacaran iku. Carane muda-mudi ngatonake rasa tresnane rena-rena. Saka kang biasa wae nganti kang ora bisa ditrima moral amarga nglanggar norma. Sawijining cara kang paling ora ditrima ing masyarakat yaiku pergaulan bebas.
      Pergaulan bebas yaiku cara ngatonake rasa tresna kang paling ora bisa ditrima ing norma masyarakat. Miturut Sigmund Freud, seks yaiku turunan saka lahir. Wiwit saka lahir manungsa wis diwenehi turunan seks. Kang “nggumunake” , Pacaran dianggep lumrah ing gelanggang muda-mudi. Geneya? Amarga iki ora luput saka media massa elektronik, kabudayan wong barat (westernisasi) utawa salah pergaulan. Wong-wong kang kurang ilmu agamane utawa kang kurang kedidik morale lan luwih kerep ndeleng acara TV dianggep dasar saka kelakuane. Mesti wae hal iki pengaruh marang muda-mudi lan luwih akeh pengaruhe.
       Sawijining faktor pergaulan bebas yaiku kurange tresna lan kawigaten saka wong tuwa, peranan agama lan kaluwarga penting banget. Mulane perlu padha terbukake anak marang wong tuwa lumantar komunikasi kang efektif. Mbok menawa kanggo panggon anake curhat, ndukung hobi kang dipenginake anake kayata olahraga, musik, seni lan sapanunggalane. Saengga muda-mudi lali kelakuan nyimpang saka norma kasebut.
    Perlune pendidikan kang ana hubungane karo kesarasan reproduksi. Perlune wadah kanggo nampa masalah reproduksi muda-mudi miturut kaperluane dhewe-dhewe. Pemerintah kudu teges mbrantas kasus-kasus pergaulan bebas. Pancen ora kabeh muda-mudi perlu diwenehi pengarahan iki amarga deweke wis mangerti norma-norma ing masyarakat. Nanging, muda-mudi labil emosine lan kawruhe, uga pengalaman kang diduweni isih ora bisa nggawe muda-mudi mlaku ing dalan kang bener. Pendidikan seks ing gelanggang muda-mudi durung kasil apa-apa. Bab iki kang marakake pergaulan bebas ing gelanggang muda-mudi luwih nemen maneh. Isih akeh kang marakake muda-mudi nglakokake pergaulan bebas.
            
Dampak pergaulan bebas ing gelanggang muda-mudi yaiku :
o  Dampak fisik
1.Wong wadon isore 17 taun, kang nglakoni seks bakalan kena resiko kanker serviks
2.Resiko ketularan penyakit HIV-AIDS kang bisa marakake kemandulan lan kematian
3.KTD (Kehamilan yang Tidak Diinginkan) / mbobot kang ora dipenginake saengga aborsi  bisa gangguan kesuburan, kanker rahim, cacat saumur urip lan kematian.
o  Dampak Psikologis
Yen nglakoni seks sajabaning perkawinan bakal muncul rasa salah, murka, susah, getun, isin, ora duwe kanca, angel turu, kelangan percaya diri, kelangan konsentrasi, ora bisa nyepuroi awake dhewe, wedhi marang gusti Allah, halusinasi, lan sapanunggalane.

Cara saka pihak sekolah kanggo “pencegahan dini” saka pergaulan bebas muda-mudi :
1.Perlune kerja bareng antarane wong tuwa karo guru ngenani pendidikan moral para muda-mudi. Bab iki marakake pihak sekolah luwih ketat anggone ngajari urusan moral para muride
2.Para guru BK/BP/P2S kudu aktif nyegah lan ngajari moral lan etika marang para murid-muride lan menehi pitutur kang ajeg marang muride supaya orang ngulangi kadadeyan iku maneh
Cara saka kaluwarga kanggo “pencegahan dini” saka pergaulan bebas muda-mudi:
1.Perlune wong tuwa cedhak anake saengga nyiptakake hubungan kang harmonis lan anak-anake nuruti pitutur lan perintah saka wong tuwane. Para muda-mudi uga bisa jujur marang wong tuwane dhewe-dhewe.
2.Perlune wong tuwa ngawasi media massa kang dideleng anak-anake. Bab iki penting banget amarga saiki media kang digawe contoh para muda-mudi (anak-anake deweke) nggoleki trend.
Gawe para muda-mudi kanggo “pencegahan dini” saka pergaulan bebas :
1.Kowe pada kudu luwih selektif yen nggolek kanca dolan kang apik. Bab iki ora marakake kowe pada kaku yen kekancan, nanging bab iki bisa nggawe kowe luput saka bebayan pergaulan bebas.
2.Katonake tresnamu marang sang “pacar” lumantar hal kang positif. Bisa inspirasi nggawe novel utawa cerpen lan lagu. Bakal nggawe para muda-mudi luwih produktif lan bermanfaat kanggo kreatifitas.
Tata tertib diskusi :
1.Yen ngajokake pitakonan sawise moderator menehi kesempatan, aja nganti nyelani nalika narasumber njelasake
2.Pitakonan kang ditakokake kudu cocog karo topik kang lagi didiskusekake
3.Wayah menehi pitakonan kudu nyebutake identitas luwih dhisik lagi takon
4.Pitakonan kudune disusun kanthi ukara kang singkat lan gampang dimangerteni
5.Migunakake basa kang sopan
6.Ngurmati moderator, sekretaris, lan peserta nalika diskusi
7.Yen pancen salah, ora oleh nyumingkir
8.Ora oleh ngomong elek lan nyepelekake senadyan topike salah
9.Ora oleh mekso kahendak dheweke marang wong liya
Sumber :
·LKS MGMP Bahasa Jawa Kelas VIII Semester Ganep

Mohon maaf jika ada kesalahan, terima kasih telah berkunjung :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar